Buku 3 : Sinau Panatacara Boten Angel

31 Agustus 2022
Administrator
Dibaca 1.160 Kali

No Informasi Uraian
1. Judul Buku Sinau Panatacara Boten Angel
2. Nama Pengarang Jati Sumadi, dkk
3. Ukuran/Jumlah Halaman 15,5 cm x 23 cm/ 128 halaman
4. Penerbit "Nawasena Press"
5. Isi Buku

Buku punika kaserat ancasipun kejawi kagem nambah seserepan babagan panatacara, ugi minangka salah setunggaling kupiya nglestantunaken lan ngrembakakaken basa lan sastra Jawa, mliginipun pranatacara. Bab basa menika, minangka salah satunggalipun obyek "pemajuan kebudayaan" ingkang menawi dipunonceki saestu ndadosaken prihatin, awit sansaya dangu sansaya kagerus ombaking jaman. Warga masyarakat, mliginipun para kadang mudha utawi "kaum milenial" kedah dipunparingi wot kangge nggladhi babagan basa punika ingkang awujud pawiyatan panatacara lan pamedharsabda. Buku ingkang sampun karipta punika ngemot  materi gladhen ingkang jangkep saengga saged dipun-ginakaken minangka materi pokok ing pawiyatan panatacara lan pamedharsabda, antawisipun sangune panatacara, tata basa panatacara, busana jawa gagrag Ngayogyakarta, upacara  penganten gagrag Ngayogyakarta, pamedharsabda, lan sapiturutipun.

Bagikan artikel ini:
Kirim Komentar

Komentar baru terbit setelah disetujui Admin

CAPTCHA Image